Pidato Perpisahan Sekolah dalam bahasa Jawa

Pidato Perpisahan Sekolah
Assalamualaikum WR WB
Bismillahirrahmanirrahim.Alhamdulillah alhamdulillahirobbil'alamin.Assholatuwassalaamu'alaa asrofilanbiyaai walmursalin. Sayyidina wamaulana muhammadin wa'ala alili wasohbihi ajma'in.Ammaba'du.

Ingkang kula khurmati Bapak kepala SMKN 2 Tuban.Bapak/Ibu Guru lan karyawan ingkang Kula khurmati.Lan mboten kesupen kanca-kanca, adhik-adhik kelas, lan tamu undangan ingkang kula tresnani.

Puji syukur konjuk wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang Maha Agung, Awit ing wekdal menika kita sedaya tasih pinaringan rahmat saengga kita saged makempal ing papan mriki kanthi keadaan sehat wal'afiat.
Sholawat saha  salam tetep kacurahaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW.Allahummashalli'ala muhammad.Ing pundi kita sedaya saged mangertos saking zaman Jahiliyyah tumuju zaman Islamiyyah yakni Addinul Islam.
 ingkang kula khurmati !

Kula minangka wakil saking kelas XII ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng Bapak/Ibu Guru, awit saking sih katresnan anggenipun nggulawentah dhumateng kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawitan menika.Mugi-mugi ilmu sing diparingaken saged manfaati dhumateng kula Lan sakanca.Siji sing kula sampekaken inggih menika Nilai pemuda mboten perhiasan lan pakaian nanging nilai pemuda yaiku ilmu lan akhlak iku sing ngangkat derajad.Mula kita sedaya sami-sami perang ngelawan kebodohan lan kemalasan.Supados urip slamet ing donya lan akhirat.Aamiin Allahumma....

Kula sakanca naming saged muji,mugi-mugi sedaya amal lan kesaenan Bapak/Ibu guru pikantuk panwales saking Gusti Allah ingkang Maha Welas Asih, saha tansah pinaringan kewarasan,kawilujenagan, lan katentreman.
Mboten kesupen kula sakanca ugi nyuwun pangapunten  awit kula sakanca asring ndamel Bapak/Ibu guru duka lan kuciwa, awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang mboten mranani panggalih panjenengan sedaya.

Hadirin ingkang mulya !

Dhumateng Bapak/Ibu guru lan tamu undangan,sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah SWT.Aamiin Allahumma...
Cekap semanten atur kula.Mbok bilih wonten kelepatan kula nyuwun pangapunten.

 Iwak kakap mangan sukun
Cekap semanten lan matur nuwun
Mangan gandum ning pasar rawuh
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh.



Saran dan komentar yang membangun sangat kami harapkan untuk memotivasi postingan selanjutnya. Semoga bermanfaat dan membantu. Terima kasih.

Komentar

Postingan populer dari blog ini

Makanan dan Jajanan khas Tuban

Puisi untuk BUMI

Cara Membuat Nasi Goreng dan Sejarahnya